Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 120:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Kidung jiyarah.Sajroning karubedan aku sesambat marang Pangeran Yehuwah,banjur disembadani:

2. “Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa nguwalaken kawulasaking lambe ingkang cidra,saking ilat ingkang dora-cara.”

3. Apa kang bakal diparingake marang kowe,sarta kowe diparingi tambahan apa,he ilat kang dora-cara?

4. Panahe prawira kang landhep,tuwin mawane kayu arar.

5. Cilaka aku amarga kudu manggon kaya wong manca,kaya wong ngamanca ana ing tanah Mesekh,awit kudu manggon ana ing antarane kemahe bangsa Kedar!

maca bab lengkap Jabur 120