Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 12:6-9 Kitab Sutji (JAV)

6. Jalaran wong kang ringkih padha katindhes,lan marga saka pangrintihe para wong mlaratIngsun saiki uga jumeneng, mangkono pangandikane Sang Yehuwah,sarta mitulungi wong kang banget anggone ngantu-antu marang pitulungan.

7. Pangandikane Sang Yehuwah iku Sabda kang murni,kayadene selaka kang binesot,rinesikan ambal ping pitu ana ing kowi ing bumi.

8. Dhuh Yehuwah, Paduka badhe netepi,kawula tansah badhe Paduka ayomi, Paduka uwalaken saking jinis punika.

9. Para wong duraka padha klambrangan mrana-mrana,samangsa budi kang nistha jumedhul ing satengahing anaking manungsa.

maca bab lengkap Jabur 12