Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 12:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen. Manut lagu: Kang kawolu. Masmur anggitane Prabu Dawud.

2. Dhuh Yehuwah mugi karsaa paring pitulungan, awit sampun boten wonten tiyang mursid,tiyang setya sampun sirna saking ing antawisipun anaking manungsa.

3. Rambagipun sami apus-ingapusan,wicantenipun mawi lambe lamis, mawi manah rangkep.

4. Muga-muga Pangeran numpes sakehing lambe lamislan ilat kang umuk-umukan,

5. yaiku kang padha ngucap mangkene: “Kalawan ilatku aku padha menang!Lambeku kang mbiyantu aku! Sapa kang mrentah aku?”

6. Jalaran wong kang ringkih padha katindhes,lan marga saka pangrintihe para wong mlaratIngsun saiki uga jumeneng, mangkono pangandikane Sang Yehuwah,sarta mitulungi wong kang banget anggone ngantu-antu marang pitulungan.

7. Pangandikane Sang Yehuwah iku Sabda kang murni,kayadene selaka kang binesot,rinesikan ambal ping pitu ana ing kowi ing bumi.

maca bab lengkap Jabur 12