88. Kawula mugi Paduka gesangaken awit saking sih-kadarman Paduka,supados kawula ngestokaken dhateng dhawuh pepenget Paduka.
89. Dhuh Yehuwah, pangandika Paduka punika ing salami-laminipuntetep santosa wonten ing swarga.
90. Kasetyan Paduka punika turun-tumurun,Paduka ngekahaken bumi, temah tetep wonten.
91. Tulusipun sadaya ngantos ing samangke punika miturut pranatan Paduka,margi sadaya-sadayanipun punika sami ngladosi Paduka.
92. Manawi angger-angger Paduka boten dados kasenengan kawula,kawula mesthi sampun lami tiwas wonten ing kasangsaran kawula.
93. Kawula boten badhe kasupen dhateng prentah Paduka ing salami-laminipun,awit punika marginipun anggen Paduka nggesangaken dhateng kawula.
94. Kawula punika kagungan Paduka, kawula mugi Paduka luwari,awit kawula punika ngupadosi prentah-prentah Paduka.
95. Tiyang duraka sami ndingkik kawula, badhe nyirnakaken kawula,nanging kawula badhe migatosaken pepenget-pepenget Paduka.
96. Kawula sumerep dhateng wates-watesipun kasampurnan,nanging prentah Paduka punika wiyar sanget.
97. Kawula punika tresna sanget dhateng angger-angger Paduka,sadinten muput kawula gilut-gilut.