Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 119:72-81 Kitab Sutji (JAV)

72. Toret ingkang Paduka paringaken punika sae tumrap kawulanglangkungi mas utawi selaka blebekan.

73. Asta Paduka ingkang nitahaken saha mangun kawula,kawula mugi Paduka paringi pangretosan, supados kawula saged nyinau pepaken Paduka.

74. Para tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka,sami nyawang kawula kaliyan bingah,awitdene kawula ngajeng-ajeng dhateng pangandika Paduka.

75. Dhuh Yehuwah, kawula sumerep bilih pranatan-pranatan Paduka punika adil,saha anggen Paduka ngganjar kesrakatan dhateng kawula punika awit saking kasetyan Paduka.

76. Mugi-mugi sih-susetya Paduka punika dadosa panglipur kawula,kados prasetya Paduka dhateng ingkang abdi.

77. Sih-palimirma Paduka mugi tumanduka dhateng kawula supados kawula gesang,awit angger-angger Paduka punika karemenan kawula.

78. Para tiyang kumingsun sami kawirangan,dene kawula dipun siya-siya tanpa sabab;nanging pepaken Paduka badhe kawula raos-raosaken.

79. Para tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka,saha ngretos dhateng dhawuh pepenget Paduka,punika sami ngguyubana dhateng kawula;

80. manah kawula mugi sageda lestantun pamadhepipun dhateng pranatan Paduka,supados kawula sampun ngantos nandhang wirang.

81. Nyawa kawula cecengklungen dhateng karahayon peparing Paduka,pangandika Paduka ingkang kawula ajeng-ajeng;

maca bab lengkap Jabur 119