Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 119:64-77 Kitab Sutji (JAV)

64. Dhuh Yehuwah, bumi punika kebak ing sih-susetya Paduka,kawula mugi Paduka wulang bab pranatan Paduka.

65. Dhuh Yehuwah, Paduka sampun nandukaken kasaenan dhateng abdi Paduka,miturut pangandika Paduka.

66. Kawula mugi Paduka wulang bab kawicaksanan sarta kawruh ingkang sae,awit kawula pitados dhateng pepaken Paduka.

67. Saderengipun kawula nandhang sangsara, lampah kawula nyleweng,nanging sapunika kawula gondhelan dhumateng janji Paduka;

68. Paduka punika sae saha nandukaken kasaenan,kawula mugi Paduka wulang bab pranatan Paduka.

69. Tiyang kumingsun sami nandukaken piawon dhateng kawula kaliyan dora-cara,nanging kawula badhe netepi prentah Paduka klayan gumolonging manah.

70. Manahipun tiyang-tiyang wau sami kandel kados gajih,nanging kawula, angger-angger Paduka punika dados kabingahan kawula,

71. anggen kawula katindhes punika maedahi tumrap kawula,inggih punika ndadosaken kawula lajeng nggegulang pranatan Paduka.

72. Toret ingkang Paduka paringaken punika sae tumrap kawulanglangkungi mas utawi selaka blebekan.

73. Asta Paduka ingkang nitahaken saha mangun kawula,kawula mugi Paduka paringi pangretosan, supados kawula saged nyinau pepaken Paduka.

74. Para tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka,sami nyawang kawula kaliyan bingah,awitdene kawula ngajeng-ajeng dhateng pangandika Paduka.

75. Dhuh Yehuwah, kawula sumerep bilih pranatan-pranatan Paduka punika adil,saha anggen Paduka ngganjar kesrakatan dhateng kawula punika awit saking kasetyan Paduka.

76. Mugi-mugi sih-susetya Paduka punika dadosa panglipur kawula,kados prasetya Paduka dhateng ingkang abdi.

77. Sih-palimirma Paduka mugi tumanduka dhateng kawula supados kawula gesang,awit angger-angger Paduka punika karemenan kawula.

maca bab lengkap Jabur 119