Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 119:56-64 Kitab Sutji (JAV)

56. Punika ganjaran Paduka dhateng kawula,inggih punika bilih kawula ngestokaken pepaken Paduka.

57. Pangeran Yehuwah punika ingkang dados panduman kawula, kawula sampun prajanjibadhe netepi pangandika Paduka.

58. Klayan sanget adreng saha gumolonging manah anggen kawula nyuwun sih-piwelas Paduka,mugi Paduka karsaa paring sih-palimirma dhumateng kawula laras kaliyan janji Paduka.

59. Lampah kawula tansah kawula raosaken,sarta suku kawula, kawula eneraken dhateng ing dhawuh pepenget Paduka.

60. Kawula enggal-enggal saha boten badhe ngrendhetakenanggen kawula netepi pepaken Paduka.

61. Jiretipun tiyang duraka sami nangsuli kawula,nanging kawula boten kasupen dhateng angger-angger Paduka.

62. Ing wanci tengah dalu kawula nglilir muji sokur dhumateng Padukamargi saking pranatan-pranatan Paduka ingkang adil.

63. Kawula manunggil kaliyan sakathahipun tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka,saha kaliyan para tiyang ingkang sami netepi dhawuh-dhawuh Paduka.

64. Dhuh Yehuwah, bumi punika kebak ing sih-susetya Paduka,kawula mugi Paduka wulang bab pranatan Paduka.

maca bab lengkap Jabur 119