Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 119:44-51 Kitab Sutji (JAV)

44. Kawula tansah badhe netepi angger-angger Padukaing salajengipun saha ing salaminipun.

45. Kawula badhe lumampah wonten ing omberan,margi pepaken Paduka ingkang kawula padosi.

46. Kawula badhe ngucapaken dhawuh pepenget Paduka wonten ing ngajengipun para raja,sarta boten badhe kawirangan.

47. Kawula badhe kasengsem dhateng pepaken Padukaingkang kawula tresnani punika.

48. Tangan kawula nyadhong dhateng pepaken Paduka ingkang kawula tresnani;kawula badhe ngraos-ngraosaken pranatan-pranatan Paduka.

49. Paduka mugi ngengeti dhateng pangandika ingkang Paduka paringaken dhateng abdi Paduka,amargi Paduka sampun paring pangajeng-ajeng dhumateng kawula.

50. Punika ingkang dados panglipur kawula ing salebetipun kasangsaran kawula,inggih punika anggen kawula kagesangaken dening prasetya Paduka.

51. Tiyang ingkang kumingsun sanget anggenipun sami moyoki dhateng kawula,nanging kawula boten badhe mengeng saking angger-angger Paduka.

maca bab lengkap Jabur 119