Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 119:41-56 Kitab Sutji (JAV)

41. Dhuh Yehuwah, mugi kawula kadhawahana ing sih-susetya Paduka,karahayon peparing Paduka punika laras kaliyan janji Paduka;

42. supados sageda mangsuli dhateng ingkang nacad kawula,sabab kawula pitados dhateng pangandika Paduka.

43. Pangandikaning kaleresan punika mugi sampun ngantos kapundhut saking cangkem kawula,awitdene kawula ngajeng-ngajeng dhateng pranatan Paduka.

44. Kawula tansah badhe netepi angger-angger Padukaing salajengipun saha ing salaminipun.

45. Kawula badhe lumampah wonten ing omberan,margi pepaken Paduka ingkang kawula padosi.

46. Kawula badhe ngucapaken dhawuh pepenget Paduka wonten ing ngajengipun para raja,sarta boten badhe kawirangan.

47. Kawula badhe kasengsem dhateng pepaken Padukaingkang kawula tresnani punika.

48. Tangan kawula nyadhong dhateng pepaken Paduka ingkang kawula tresnani;kawula badhe ngraos-ngraosaken pranatan-pranatan Paduka.

49. Paduka mugi ngengeti dhateng pangandika ingkang Paduka paringaken dhateng abdi Paduka,amargi Paduka sampun paring pangajeng-ajeng dhumateng kawula.

50. Punika ingkang dados panglipur kawula ing salebetipun kasangsaran kawula,inggih punika anggen kawula kagesangaken dening prasetya Paduka.

51. Tiyang ingkang kumingsun sanget anggenipun sami moyoki dhateng kawula,nanging kawula boten badhe mengeng saking angger-angger Paduka.

52. Dhuh Yehuwah, pangadilan Paduka ingkang saking kina mila kawula engeti,milanipun angsal panglipur.

53. Kawula nepsu dhateng para tiyang durakaingkang sami nilar angger-angger Paduka.

54. Pranatan Paduka punika tumamanipun dhateng kawula kados kidung masmur,wonten ing griya, ingkang kawula enggeni dados tiyang neneka.

55. Dhuh Yehuwah, ing wanci dalu kawula enget dhumateng asma Paduka,kawula badhe netepi angger-angger Paduka.

56. Punika ganjaran Paduka dhateng kawula,inggih punika bilih kawula ngestokaken pepaken Paduka.

maca bab lengkap Jabur 119