Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 119:4-16 Kitab Sutji (JAV)

4. Paduka piyambak sampun ndhawuhaken pepaken Paduka,supados dipun tetepana kaliyan tumemen.

5. Mugi-mugi lampah kawula tetepmiturut pranatan Paduka.

6. Manawi makaten kawula boten badhe kawirangan,manawi kawula ngawasaken sakathahing pepaken Paduka.

7. Kawula badhe ngucap sokur dhumateng Paduka klayan eklasing manah,samangsa nggegulang dhateng sarak Paduka ingkang adil.

8. Pranatan Paduka sami badhe kawula tetepi,kawula mugi sampun ngantos paduka tilar babar pisan.

9. Tiyang nem-neman sagedipun tetep sae lampahipun punika isaratipun punapa?Manawi netepi ing pangandika Paduka.

10. Paduka kawula upadosi klayan gumolonging manah kawula,sampun ngantos Paduka uja nyimpang saking pepaken Paduka.

11. Janji Paduka kawula simpen ing salebeting manah,supados kawula sampun ngantos damel dosa dhumateng Paduka.

12. Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang pinuji-puji,kawula mugi Paduka wulang pranatan Paduka;

13. sarana lambe kawula kawula nyariyosaken sakathahingsarak ingkang Paduka dhawuhaken.

14. Kawula bingah ing bab pitedah pepenget Paduka,kadosdene ing bab sakathahing raja-brana.

15. Pepaken Paduka badhe kawula gilut-gilut,saha ngawasaken dhateng margi pitedah Paduka.

16. Kawula badhe seneng wonten ing pranatan Paduka,sarta boten badhe kesupen dhateng pangandika Paduka.

maca bab lengkap Jabur 119