Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 119:37-49 Kitab Sutji (JAV)

37. Mripat kawula mugi Paduka enggokaken saking barang ingkang tanpa gina;kawula Paduka gesangaken wonten ing margi pitedah Paduka!

38. Abdi Paduka mugi kaparingana santosaning prasetyan Paduka,ingkang kaparingaken dhateng tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka.

39. Cacad kawula ingkang kawula kwatosaken, mugi Paduka singkiraken saking kawula,awitdene angger-angger Paduka punika sae;

40. saestu ingkang kawula kangeni punika pepaken Paduka;kawula mugi Paduka gesangaken kalayan kaadilan Paduka.

41. Dhuh Yehuwah, mugi kawula kadhawahana ing sih-susetya Paduka,karahayon peparing Paduka punika laras kaliyan janji Paduka;

42. supados sageda mangsuli dhateng ingkang nacad kawula,sabab kawula pitados dhateng pangandika Paduka.

43. Pangandikaning kaleresan punika mugi sampun ngantos kapundhut saking cangkem kawula,awitdene kawula ngajeng-ngajeng dhateng pranatan Paduka.

44. Kawula tansah badhe netepi angger-angger Padukaing salajengipun saha ing salaminipun.

45. Kawula badhe lumampah wonten ing omberan,margi pepaken Paduka ingkang kawula padosi.

46. Kawula badhe ngucapaken dhawuh pepenget Paduka wonten ing ngajengipun para raja,sarta boten badhe kawirangan.

47. Kawula badhe kasengsem dhateng pepaken Padukaingkang kawula tresnani punika.

48. Tangan kawula nyadhong dhateng pepaken Paduka ingkang kawula tresnani;kawula badhe ngraos-ngraosaken pranatan-pranatan Paduka.

49. Paduka mugi ngengeti dhateng pangandika ingkang Paduka paringaken dhateng abdi Paduka,amargi Paduka sampun paring pangajeng-ajeng dhumateng kawula.

maca bab lengkap Jabur 119