Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 119:31-41 Kitab Sutji (JAV)

31. dhawuh pepenget Paduka kawula gondheli;dhuh Yehuwah, kawula mugi sampun Paduka wirangaken.

32. Kawula badhe mbangung miturut dhumateng pitedah pepaken Paduka,awitdene Paduka sampun paring ombering manah kawula.

33. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa nedahaken pitedah bab pranatan Paduka dhumateng kawula,badhe kawula turut ing salami-laminipun.

34. Kawula mugi Paduka mangretosaken,temah kawula lajeng badhe netepi angger-angger Paduka,badhe kawula estokaken klayan gumolonging manah.

35. Kawula mugi Paduka lampahaken wonten ing marginipun pepaken Paduka,awit punika ingkang kawula remeni.

36. Manah kawula mugi Paduka adhepaken dhateng dhawuh pepenget Paduka,sampun ngantos dhateng pangoyaking bebathen.

37. Mripat kawula mugi Paduka enggokaken saking barang ingkang tanpa gina;kawula Paduka gesangaken wonten ing margi pitedah Paduka!

38. Abdi Paduka mugi kaparingana santosaning prasetyan Paduka,ingkang kaparingaken dhateng tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka.

39. Cacad kawula ingkang kawula kwatosaken, mugi Paduka singkiraken saking kawula,awitdene angger-angger Paduka punika sae;

40. saestu ingkang kawula kangeni punika pepaken Paduka;kawula mugi Paduka gesangaken kalayan kaadilan Paduka.

41. Dhuh Yehuwah, mugi kawula kadhawahana ing sih-susetya Paduka,karahayon peparing Paduka punika laras kaliyan janji Paduka;

maca bab lengkap Jabur 119