Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 119:25-34 Kitab Sutji (JAV)

25. Nyawa kawula kraket dhateng lebu,Paduka mugi karsaa nggesangaken kawulamiturut ing pangandika Paduka.

26. Salampah kawula sampun kawula unjukaken, dene Paduka lajeng paring wangsulan.Paduka mugi karsaa mulang bab pranatan Paduka dhumateng kawula.

27. Kawula mugi Paduka sumerepaken dhateng pitedah pepaken Paduka,supados kawula ngraosaken kaelokan Paduka.

28. Nyawa kawula nangis margi saking sedhih,Paduka mugi karsaa ngiyataken miturut pangandika Paduka;

29. kawula mugi Paduka tebihaken saking margi ingkang nasar,saha kaparingana angger-angger Paduka.

30. Margining kaleresan ingkang sampun kawula pilih,sarta sarak Paduka kawula dekek wonten ing ngajeng kawula;

31. dhawuh pepenget Paduka kawula gondheli;dhuh Yehuwah, kawula mugi sampun Paduka wirangaken.

32. Kawula badhe mbangung miturut dhumateng pitedah pepaken Paduka,awitdene Paduka sampun paring ombering manah kawula.

33. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa nedahaken pitedah bab pranatan Paduka dhumateng kawula,badhe kawula turut ing salami-laminipun.

34. Kawula mugi Paduka mangretosaken,temah kawula lajeng badhe netepi angger-angger Paduka,badhe kawula estokaken klayan gumolonging manah.

maca bab lengkap Jabur 119