Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 119:18-29 Kitab Sutji (JAV)

18. Mripat kawula mugi Paduka elekaken, supados kawula sageda nyawangkaelokanipun angger-angger Paduka.

19. Kawula tiyang neneka wonten ing bumi,pepaken Paduka mugi sampun Paduka umpetaken saking kawula.

20. Manah kawula rempu margi saking anggen kawula tansah kangendhumateng sarak Paduka.

21. Paduka mbendonana para tiyang mursal; mugi kenginga ing ipat-ipattiyang ingkang nyimpang saking pepaken Paduka.

22. Panacad tuwin pangina mugi Paduka singkiraken saking kawula,awitdene kawula netepi dhawuh pepenget Paduka.

23. Sanadyna para pengageng sami lelenggahan sekuthon nglawan dhateng kawula,ewadene abdi Paduka punika ngraos-ngraosaken pranatan Paduka.

24. Dhawuh pepenget Paduka punika malah sami dados kasenengan kawulasaha dados juru pirembag kawula.

25. Nyawa kawula kraket dhateng lebu,Paduka mugi karsaa nggesangaken kawulamiturut ing pangandika Paduka.

26. Salampah kawula sampun kawula unjukaken, dene Paduka lajeng paring wangsulan.Paduka mugi karsaa mulang bab pranatan Paduka dhumateng kawula.

27. Kawula mugi Paduka sumerepaken dhateng pitedah pepaken Paduka,supados kawula ngraosaken kaelokan Paduka.

28. Nyawa kawula nangis margi saking sedhih,Paduka mugi karsaa ngiyataken miturut pangandika Paduka;

29. kawula mugi Paduka tebihaken saking margi ingkang nasar,saha kaparingana angger-angger Paduka.

maca bab lengkap Jabur 119