Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 119:169-176 Kitab Sutji (JAV)

169. Dhuh Yehuwah, mugi pasambat kawula sumengkaa dhateng ing ngarsa Paduka,kawula mugi pinaringana pangretosan nyondhongi pangandika Paduka.

170. Pasambat kawula mugi katrimaha wonten ing ngarsa Paduka,kawula mugi kaentasna miturut janji Paduka.

171. Lambe kawula kajengipun nglairaken pepujian,margi Paduka mulangaken pranatan Paduka dhateng kawula.

172. Ilat kawula kajengipun ngidungaken janji Paduka,awit sakathahipun pepaken Paduka punika leres.

173. Asta Paduka mugi dadosa pitulungan kawula,awit prentah Paduka ingkang kawula pilih.

174. Dhuh Yehuwah, pangluwaran peparing Paduka ingkang kawula ajeng-ajeng,saha angger-angger Paduka dados kabingahan kawula.

175. Nyawa kawula mugi sageda gesang, supados memuji dhumateng Paduka,saha sarak Paduka mugi dadosa pitulungan kawula.

176. Kawula punika kesasar kados menda ingkang ketriwal, abdi Paduka mugi Paduka padosi,awit kawula boten kesupen dhateng pepaken Paduka.

maca bab lengkap Jabur 119