Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 119:163-170 Kitab Sutji (JAV)

163. Kawula gething saha rumaos eneg dhateng para-cidra,nanging remen dhateng angger-angger Paduka.

164. Kawula memuji Paduka kaping pitu sadinten,margi saking kaadilaning sarak Paduka.

165. Tiyang ingkang sami remen dhateng angger-angger Paduka punika kadunungan katentreman ingkang ageng,saha boten wonten sandhunganipun.

166. Dhuh Yehuwah, karahayon peparing Paduka ingkang kawula ajeng-ajeng,sarta kawula nglampahi pepaken Paduka.

167. Kawula ngestokaken dhateng dhawuh pepenget Paduka,sanget anggen kawula remen,

168. prentah saha pepenget Paduka sami kawula tetepi,awitdene salampah-lampah kawula wonten ing ngarsa Paduka.

169. Dhuh Yehuwah, mugi pasambat kawula sumengkaa dhateng ing ngarsa Paduka,kawula mugi pinaringana pangretosan nyondhongi pangandika Paduka.

170. Pasambat kawula mugi katrimaha wonten ing ngarsa Paduka,kawula mugi kaentasna miturut janji Paduka.

maca bab lengkap Jabur 119