Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 119:149-161 Kitab Sutji (JAV)

149. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken unjuk kawula,awit saking sih-kadarman Paduka;kawula mugi Paduka gesangaken miturut pranatan Paduka.

150. Tiyang ingkang ngoyak-oyak kawula badhe nandukaken piawon dhateng kawula sampun celak,tiyang-tiyang wau sami nebihi angger-angger Paduka.

151. Nanging dhuh Yehuwah, Paduka celak,sarta sakathahipun pepaken Paduka punika leres.

152. Sampun wiwit rumiyin kawula mangretos saking ing pepenget Paduka,bilih punika sampun Paduka tetepaken kangge ing salaminipun.

153. Paduka mugi karsaa mirsani kasangsaran kawula sarta kawula mugi Paduka entasaken,awit kawula boten kesupen dhateng angger-angger Paduka.

154. Paduka mugi karsaa ngurus prakawis kawula, saha kawula mugi Paduka luwari,punapa malih kawula mugi Paduka gesangaken miturut prasetya Paduka.

155. Karahayon punika tebih saking para tiyang duraka,margi sami boten ngupadosi pranatan Paduka.

156. Dhuh Yehuwah, sih-piwelas Paduka punika luber,kawula mugi Paduka gesangaken laras kaliyan angger-angger Paduka.

157. Kathah tiyang ingkang mbujeng sarta ingkang nglawan kawula,nanging kawula boten nyleweng saking pepenget Paduka.

158. Anggen kawula ningali tiyang ingkang lampah cidra ngantos bosen,dene kok sami boten ngestokaken janji Paduka.

159. Lah kawula remen sanget dhateng dhawuh-dhawuh Paduka!Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka gesangaken awit saking sih-kadarman Paduka.

160. Dhasaripun pangandika Paduka punika kaleresansaha sakathahing angger-anggering kaadilan Paduka punika kangge ing salaminipun.

161. Kawula dipun oyak-oyak tanpa sabab dening para pangageng,nanging manah kawula namung ajrih dhumateng pangandika Paduka.

maca bab lengkap Jabur 119