Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 119:144-151 Kitab Sutji (JAV)

144. Pepenget Paduka punika adil ing salaminipun,kawula mugi Paduka mangretosaken supados kawula gesang.

145. Paduka kawula sebut kaliyan manah ingkang gumolong; dhuh Yehuwah, mugi Paduka sembadani!Pranatan Paduka badhe kawula tetepi.

146. Kawula sesambat dhumateng Paduka; Paduka mugi karsaa ngluwari kawula!Kawula badhe ngestokaken pepenget Paduka.

147. Enjing umun-umun kawula tangi saha sesambat nyuwun tulung,Pangandika Paduka ingkang kawula ajeng-ajeng.

148. Tangi kawula ngrumiyini wekdalipun jagi daluprelu ngraos-ngraosaken janji Paduka.

149. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken unjuk kawula,awit saking sih-kadarman Paduka;kawula mugi Paduka gesangaken miturut pranatan Paduka.

150. Tiyang ingkang ngoyak-oyak kawula badhe nandukaken piawon dhateng kawula sampun celak,tiyang-tiyang wau sami nebihi angger-angger Paduka.

151. Nanging dhuh Yehuwah, Paduka celak,sarta sakathahipun pepaken Paduka punika leres.

maca bab lengkap Jabur 119