Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 119:125-133 Kitab Sutji (JAV)

125. Kawula punika abdi Paduka, mugi Paduka paringi pangretosan,supados kawula nyumerepi dhawuh pepenget-pepenget Paduka.

126. Ing sapunika sampun wekdalipun kagem Pangeran Yehuwah tumindak ing damel;tiyang-tiyang sampun sami mbibrah angger-angger Paduka.

127. Mila kawula remen dhateng pepaken Paduka,nglangkungi mas, sanadyan ingkang murni pisan.

128. Punika sababipun kawula gesang kanthi jujur, salaras kaliyan sadaya dhawuh Paduka,sakathahing margining dora-cara kawula sengiti.

129. Dhawuh pepenget-pepenget Paduka punika elok,mila nyawa kawula ngestokaken punika,

130. kawedharipun pangandika Paduka punika madhangi,paring pangretosan dhateng para tiyang ingkang bodho;

131. cangkem kawula kawula engakaken wiyar lan mangap-mangap,awit ngorong kepengin dhateng pepaken-pepaken Paduka.

132. Paduka mugi karsaa mirsani kawula saha karsaa paring piwelas,miturut sapantesipun tumrap tiyang ingkang sami tresna dhateng asma Paduka.

133. Jangkah kawula mugi Paduka jejegaken manut janji Paduka,saha sakathahing piawon sampun ngantos misesani kawula.

maca bab lengkap Jabur 119