Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 119:117-126 Kitab Sutji (JAV)

117. Kawula mugi Paduka pitulungi supados wilujeng,kawula tansah badhe bingah-bingah margi saking pranatan Paduka.

118. Sakathahipun tiyang ingkang nyleweng saking pranatan Paduka punika sami Paduka tampik,awit pokalipun sami tanpa gina.

119. Sakathahipun tiyang duraka sami Paduka simpar kados rereged,mila kawula remen dhateng pranatan-pranatan Paduka.

120. Badan kawula gumeter margi ajrih dhumateng Paduka,sarta kawula ajrih dhateng pangadilan Paduka.

121. Kaleresan sarta kaadilan ingkang sampun kawula lampahi,kawula mugi sampun Paduka ulungaken dhateng tiyang ingkang nganiaya dhumateng kawula.

122. Paduka mugi karsaa nanggel abdi Paduka ing bab kasaenan,tiyang ambek kumawasa sampun ngantos sami nindhes dhateng kawula;

123. mripat kawula cecengklungen dhateng karahayon peparing Padukasaha prasetya Paduka ingkang adil,

124. abdi Paduka mugi karengkuha ingkang nyondhongi sih-kadarman Paduka,saha Paduka wulang bab pranatan Paduka.

125. Kawula punika abdi Paduka, mugi Paduka paringi pangretosan,supados kawula nyumerepi dhawuh pepenget-pepenget Paduka.

126. Ing sapunika sampun wekdalipun kagem Pangeran Yehuwah tumindak ing damel;tiyang-tiyang sampun sami mbibrah angger-angger Paduka.

maca bab lengkap Jabur 119