Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 119:106-119 Kitab Sutji (JAV)

106. Kawula sampun supaos, saha kawula badhe netepi,badhe ngestokaken sarak-sarak Paduka ingkang adil.

107. Dhuh Yehuwah, kawula sanget anggen kawula katindhes,mugi Paduka gesangaken nyondhongi ing pangandika Paduka.

108. Dhuh Yehuwah, sesaosan manasuka ingkang awujud kidung pepujian punika, mugi sageda ndadosaken kepareng Paduka,sarta kawula mugi kawulanga bab pranatan Paduka.

109. Kawula tansah ngetohaken nyawa kawula,ewasamanten kawula boten kesupen dhateng angger-angger Paduka.

110. Tiyang duraka sami masangi kala dhateng kawula,ewadene kawula boten nyleweng saking dhawuh-dhawuh Paduka.

111. Dhawuh pepenget Paduka punika dados pusaka kawula salami-laminipun,awit punika dados kabingahanipun manah kawula.

112. Manah kawula kawula adhepaken supados nglampahi pranatan Paduka,ing salaminipun ngantos dumugi ing wekasan.

113. Kawula sengit dhateng tiyang ingkang mangu-mangu,nanging ingkang kawula tresnani punika angger-angger Paduka.

114. Paduka punika pangauban sarta tetameng kawula,pangandika Paduka ingkang kawula antos-antos.

115. He para durjana padha sumingkira saka aku,supaya aku netepana pepakone Gusti Allahku.

116. Kawula mugi Paduka santosakaken nyondhongi ing prasetya Paduka supados kawula gesang,sarta sampun ngantos kacuwan ing pangajeng-ajeng kawula.

117. Kawula mugi Paduka pitulungi supados wilujeng,kawula tansah badhe bingah-bingah margi saking pranatan Paduka.

118. Sakathahipun tiyang ingkang nyleweng saking pranatan Paduka punika sami Paduka tampik,awit pokalipun sami tanpa gina.

119. Sakathahipun tiyang duraka sami Paduka simpar kados rereged,mila kawula remen dhateng pranatan-pranatan Paduka.

maca bab lengkap Jabur 119