Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 119:101-112 Kitab Sutji (JAV)

101. Suku kawula kawula pekak tumrap sakathahing margining piawon,supados ngestokaken pangandika Paduka.

102. Kawula boten mengeng saking sarak-sarak Padukamargi Paduka ingkang mulang dhateng kawula.

103. Janji Paduka punika legi sanget wonten ing lak-lakan kawula,ngungkuli leginipun maben wonten ing cangkem kawula.

104. Dhawuh Paduka ngangsalaken kapinteran dhateng kawula,mila kawula sengit dhateng sakathahipun margining dora-cara.

105. Pangandika Paduka punika dilah wonten ing ngajengipun suku kawula,sarta pepadhanging margi kawula.

106. Kawula sampun supaos, saha kawula badhe netepi,badhe ngestokaken sarak-sarak Paduka ingkang adil.

107. Dhuh Yehuwah, kawula sanget anggen kawula katindhes,mugi Paduka gesangaken nyondhongi ing pangandika Paduka.

108. Dhuh Yehuwah, sesaosan manasuka ingkang awujud kidung pepujian punika, mugi sageda ndadosaken kepareng Paduka,sarta kawula mugi kawulanga bab pranatan Paduka.

109. Kawula tansah ngetohaken nyawa kawula,ewasamanten kawula boten kesupen dhateng angger-angger Paduka.

110. Tiyang duraka sami masangi kala dhateng kawula,ewadene kawula boten nyleweng saking dhawuh-dhawuh Paduka.

111. Dhawuh pepenget Paduka punika dados pusaka kawula salami-laminipun,awit punika dados kabingahanipun manah kawula.

112. Manah kawula kawula adhepaken supados nglampahi pranatan Paduka,ing salaminipun ngantos dumugi ing wekasan.

maca bab lengkap Jabur 119