Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 119:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Rahayu wong kang padha utama lakune,kang ngambah dalaning angger-anggering Pangeran Yehuwah.

2. Rahayu wong kang padha netepi ing dhawuh pepengetesarta ngupaya Panjenengane kalawan gumolonging ati,

3. kang uga ora nglakoni duraka,nanging ngambah dalan pitedahe.

4. Paduka piyambak sampun ndhawuhaken pepaken Paduka,supados dipun tetepana kaliyan tumemen.

5. Mugi-mugi lampah kawula tetepmiturut pranatan Paduka.

6. Manawi makaten kawula boten badhe kawirangan,manawi kawula ngawasaken sakathahing pepaken Paduka.

7. Kawula badhe ngucap sokur dhumateng Paduka klayan eklasing manah,samangsa nggegulang dhateng sarak Paduka ingkang adil.

8. Pranatan Paduka sami badhe kawula tetepi,kawula mugi sampun ngantos paduka tilar babar pisan.

9. Tiyang nem-neman sagedipun tetep sae lampahipun punika isaratipun punapa?Manawi netepi ing pangandika Paduka.

10. Paduka kawula upadosi klayan gumolonging manah kawula,sampun ngantos Paduka uja nyimpang saking pepaken Paduka.

maca bab lengkap Jabur 119