Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 115:6-16 Kitab Sutji (JAV)

6. padha duwe kuping, nanging ora bisa ngrungokake;padha duwe irung, nanging ora bisa ngambu;

7. tangane ana, nanging ora bisa nggrayahi;sikile ana, nanging ora bisa lumaku,ora bisa nywara kalawan gurunge;

8. para wong kang gawe iku padha dadia pepadhanemangkono uga sarupane wong kang kumandel marang iku.

9. He Israel, kumandela marang Pangeran Yehuwah,Panjenengane kang mitulungi lan dadi tetamenge.

10. He turune Imam Harun! Kumandela marang Pangeran Yehuwah,Panjenengane kang mitulungi lan dadi tetamenge.

11. He para wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah,padha kumandela marang Pangeran Yehuwah,Panjenengane kang mitulungi lan dadi tetamenge.

12. Pangeran Yehuwah wus ngengeti marang kita bakal paring berkah,bakal mberkahi turune Israel,bakal mberkahi turune Imam Harun,

13. bakal mberkahi para wong kang ngabekti marang Sang Yehuwah,dadia kang cilik dadia kang gedhe.

14. Pangeran Yehuwah muga ndadekna kowe padha tangkar-tumangkar,iya kowe lan anak-putumu.

15. Kowe padha ginanjara berkah dening Sang Yehuwah,kang nitahake langit lan bumi.

16. Langit iku langit kagunganing Sang Yehuwah,dene bumi wus diparingake marang para anaking manungsa.

maca bab lengkap Jabur 115