Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 114:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika Israel budhal saka ing tanah Mesir,nalika turune Yakub metu saka ing tengahe bangsa kang seje basane,

2. nuli Yahuda dadi papan pasucene,Israel dadi wewengkoning pangwaose.

3. Segara weruh banjur lumayu,bengawan Yarden bali mandhuwur,

4. gunung-gunung padha mencolot-mencolot kaya wedhus lanang,tengger-tengger padha lincak-lincak kaya cempe.

5. He segara, kena ngapa dene kowe kok lumayu?He bengawan Yarden, dene kowe bali mandhuwur,

6. he gunung-gunung, dene kowe padha cecolotan kaya wedhus lanang?He tengger-tengger, dene kowe padha lincak-lincak kaya cempe?

7. Gumetera he bumi, ana ing ngarsane Pangeran,ana ing ngarsane Gusti Allahe Rama Yakub,

8. kang ngowahi parang dadi blumbang,tuwin watu kang atos dadi sendhang.

maca bab lengkap Jabur 114