Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 113:4-9 Kitab Sutji (JAV)

4. Pangeran Yehuwah iku luhur ngungkuli sakehe para bangsa,kamulyane ngungkuli langit.

5. Sapa kang kaya Pangeran Yehuwah, Allah kita,kang dedalem ing ngaluhur,

6. kang ngesorake sarira prelu nguningani,swarga lan bumi?

7. Wong asor dijunjung saka ing lebulan wong mlarat dientas saka ing blethokan,

8. kalungguhake awor lan para panggedhe,awor lan para panggedhe bangsane.

9. Wong kang gabug dilungguhake ing omah,dadi ibune bocah-bocah, mulane kebak kabungahan.Haleluya!

maca bab lengkap Jabur 113