Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 112:4-10 Kitab Sutji (JAV)

4. Ing sajroning peteng wong kang bener kaplethekan pepadhang,tresna welasan lan adil.

5. Begja wong kang kadunungan welas lan nyenyilihake,kang ngrampungake urusane kanthi samesthine,

6. sabab ora bakal gonjing ing salawase,wong kang mursid iku bakal pinengetan ing salawase,

7. ora wedi marang kabar kang ala,atine teteg, kumandel banget marang Pangeran Yehuwah,

8. atine santosa, ora kadunungan wedi,temah nganggep remeh marang para satrune.

9. Blaba pawewehe, adedana marang wong miskin,kamursidane tetep ing salawas-lawase,sungune bakal saya dhuwur ing sajroning kamulyan.

10. Wong duraka padha ndeleng, banjur lara atine,nggeget untu banjur luluh;pepenginane wong duraka iku tumuju marang ing karusakan.

maca bab lengkap Jabur 112