Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 111:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Haleluya!Pangeran Yehuwah arep dakcaosi pamuji sokur kalawan gumolonging atiku,ana ing pakumpulane para wong mursid lan ana ing pasamuwan.

2. Pakaryane Sang Yehuwah iku agung,patut dititi-priksa dening sakehing wong kang kasengsem.

3. Pakaryane iku agung lan mulya,tuwin kaadilane tetep ing salawas-lawase.

4. Kaelokane wus didadekake pangeling-eling;Pangeran Yehuwah iku sih-mirma sarta welasan.

5. Para wong kang ngabekti marang Panjenengane iku padha diparingi pangan,prajanjiane diengeti ing salawase.

6. Daya-kekiyataning pakaryane wus ditedahake marang umate,padha diparingi tanah pusakane para bangsa.

7. Pakaryaning astane iku kabeneran lan kaadilan,sakehing prentahe iku padha kena diugemi,

8. salawas-lawase lan ing sateruse kukuh,katindakake kalawan bener lan jujur.

9. Umate pinaringan pangentasan,Gusti Allah dhawuh supaya prajanjiane iku kanggo ing salawas-lawase,asmane iku suci sarta nggegirisi.

maca bab lengkap Jabur 111