Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 11:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen. Anggitane Prabu Dawud.Aku ngayom marang Sang Yehuwah,kepriye dene kowe padha wani kandha marang aku:“Mabura menyang gunung kaya manuk!”

2. Awit delengen, wong duraka padha menthang gandhewa,panahe dietrapake ing sendheng,sumedya dilepasake marang wong kang burus atine ana ing panggonan kang peteng.

3. Samangsa tetalese padha dibubrahi,wong mursid iku bisa nindakake apa?

4. Sang Yehuwah ana ing padalemane kang suci;Sang Yehuwah dhampare ana ing swarga;tingale maspadakake,kedheping tingale niti-priksa anaking manungsa.

5. Sang Yehuwah ndadar wong mursid lan wong duraka,lan gething marang wong duraka, kang seneng tumindak keras.

6. Wong duraka padha diudani areng mengangah lan welirang;angin kang nggesengake ngebaki tuwunge.

7. Amarga Sang Yehuwah iku adil;remen marang kaadilan:wong kang burus atine bakal nyawang wedanane.

maca bab lengkap Jabur 11