Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 109:19-31 Kitab Sutji (JAV)

19. inggih dadosa kados sandhangan ingkang dipun angge,sarta sabuk ingkang tansah dipun angge.

20. Sadaya punika dadosa pituwas, ganjaranipun Pangeran Yehuwah dhateng tiyang ingkang sami ndakwa kawula,sarta ingkang sami ngawon-awon kawula.”

21. Nanging Paduka, dhuh Yehuwah, Gusti kawula,Paduka mugi kersaa tumindak tumrap kawulaawit saking asma Paduka,kawula mugi Paduka luwari awit saking sih-kadarman Paduka ingkang linangkung punika.

22. Kawula nandhang sangsara saha kakirangansaha manah kawula karujit-rujit wonten ing batos kawula,

23. kawula ngical kados wewayangan ingkang sangsaya panjang,kawula kakebutaken kados walang.

24. Dhengkul kawula lemes margi anggen kawula siyam,sarta badan kawula dados kera, katelasan gajih.

25. Kawula sampun dados cecampahanipun tiyang-tiyang punika,saben ningali kawula sami gedheg-gedheg.

26. Dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula,kawula mugi Paduka pitulungi,kawula mugi Paduka luwari, laras kaliyan sih-kadarman Paduka,

27. supados sami sumerepa, bilih punika asta Paduka,bilih Paduka, dhuh Yehuwah, ingkang nindakaken punika.

28. Kajengipun sami nyupatani, Paduka badhe mberkahi,kajengipun mengsah-mengsah kawula sami nandhang wirang,nanging abdi Paduka manggiha kabingahan.

29. Tiyang ingkang sami nglawan kawula mugi sami kasandhangana wirang,sami kalimputana ing kawirangan kadosdene mawi jubah.

30. Banget anggonku arep ngaturake panuwun marang Pangeran Yehuwah kalawan cangkemku,sarta Panjenengane arep dakluhurake ana ing satengahing wong akeh,

31. awitdene Pangeran jumeneng ana ing satengene wong papa,arep ngluwari saka para wong kang ngukum.

maca bab lengkap Jabur 109