Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 106:6-14 Kitab Sutji (JAV)

6. Kawula sadaya kaliyan para leluhur kawula, sampun sami nglampahi dosa,kawula sampun sami lepat sarta nglampahi duraka.

7. Para leluhur kawula nalika wonten ing tanah Mesir,sami boten mangertos dhumateng kaelokan Paduka,sami boten enget dhateng agenging sih-kadarman Paduka,malah sami mbalela dhumateng Ingkang Mahaluhur,wonten ing pinggiripun seganten Teberau.

8. Ewadene padha dipitulungi slamet Gusti Allah marga saka asmane,supaya padha sumurupa marang kakiyatane.

9. Segara Teberau didukani temah dadi asat,para leluhur banjur padha dilakokake ana ing samodra agung,kayadene liwat ing ara-ara samun.

10. Kaya mangkono anggone padha diluwari saka ing tanganing wong kang sengit,sarta padha diuwalake saka ing tanganing mungsuh.

11. Mungsuhe padha kasasaban ing banyu,ora ana kang kari siji-sijia.

12. Nalika iku para leluhur banjur padha ngandel marang pangandikane,sarta ngidungake pepujian katur ing Panjenengane.

13. Nanging banjur enggal padha lali marang pakaryane,lan ora nyrantekake marang pitedahe;

14. padha ngumbar hawa-napsune ana ing segara wedhi,sarta nyoba marang Gusti Allah ana ing ara-ara samun.

maca bab lengkap Jabur 106