Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 106:39-48 Kitab Sutji (JAV)

39. Padha najisake awake dhewe srana pratingkahe iku,sarta padha laku jina ing sajroning panggawene mau.

40. Mulane bebenduning Pangeran Yehuwah mulad-mulad marang umate,sarta ewa marang bangsa kagungane piyambak iku,

41. banjur padha diulungake marang ing tangane bangsa liyan,satemah kawasesa ing wong kang padha nyengiti.

42. Padha kaindhes-indhes dening mungsuhe,satemah teluk marang ing pangwasane.

43. Wus bola-bali anggone padha dipitulungi dening Gusti Allah,nanging padha mbalela wae kanthi rancangan-rancangane,padha kerem ing sajroning kaluputane.

44. Ewadene Gusti Allah mirsani ing karubedane,nalika miyarsa pasambate.

45. Panjenengane enget marang prasetyane marga saka para leluhur mau,temah kaduwung marga saka gedhening sih-kadarmane.

46. Padha diparengake oleh kawelasansaka ing sakehing wong kang padha nawan.

47. Dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula, kawula mugi Paduka luwari,sami kaklempakna saking ing antawisipun para bangsa,supados kawula sami ngucap sokur dhumateng asma Paduka ingkang suci,sami ageng ing manah kalayan ngaturaken pepujian dhumateng Paduka.

48. Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel,saka ing kalanggengan tumeka ing kalanggengansarta umate kabeh padha ngucapa: “Amin!”Haleluya!

maca bab lengkap Jabur 106