Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 106:3-13 Kitab Sutji (JAV)

3. Rahayu wong kang netepi angger-angger,kang nindakake kaadilan ing salawas-lawase.

4. Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka engeti, awit saking kamirahan Paduka dhateng umat Paduka,Paduka mugi kersaa migatosaken dhumateng kawula demi karahayon Paduka,

5. supados kawula sageda ningali kabegjanipun para pepilihan Paduka,supados kawula tumuta bingah ing salebeting kabingahanipun umat Paduka,sarta supados saged nglairaken panggunggung sesarengan kaliyan umat kagungan Paduka piyambak.

6. Kawula sadaya kaliyan para leluhur kawula, sampun sami nglampahi dosa,kawula sampun sami lepat sarta nglampahi duraka.

7. Para leluhur kawula nalika wonten ing tanah Mesir,sami boten mangertos dhumateng kaelokan Paduka,sami boten enget dhateng agenging sih-kadarman Paduka,malah sami mbalela dhumateng Ingkang Mahaluhur,wonten ing pinggiripun seganten Teberau.

8. Ewadene padha dipitulungi slamet Gusti Allah marga saka asmane,supaya padha sumurupa marang kakiyatane.

9. Segara Teberau didukani temah dadi asat,para leluhur banjur padha dilakokake ana ing samodra agung,kayadene liwat ing ara-ara samun.

10. Kaya mangkono anggone padha diluwari saka ing tanganing wong kang sengit,sarta padha diuwalake saka ing tanganing mungsuh.

11. Mungsuhe padha kasasaban ing banyu,ora ana kang kari siji-sijia.

12. Nalika iku para leluhur banjur padha ngandel marang pangandikane,sarta ngidungake pepujian katur ing Panjenengane.

13. Nanging banjur enggal padha lali marang pakaryane,lan ora nyrantekake marang pitedahe;

maca bab lengkap Jabur 106