Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 106:25-41 Kitab Sutji (JAV)

25. malah padha pating kedumel ana ing kemahe,lan ora ngrungokake marang swantene Pangeran Yehuwah,

26. mulane Pangeran banjur ngagagake astane marang para leluhur,arep padha dipateni ana ing ara-ara samun,

27. sarta turune bakal padha dibuyarake ana ing antarane para bangsa,lan disebar menyang ing negara-negara.

28. Apadene padha rumaket marang Baal-Peor,sarta mangan kurban-kurban sembelehan kanggo wong mati.

29. Dadi padha gawe gerahe panggalihe Pangeran Yehuwah marga saka pratingkahe mau,mulane padha katempuh ing wewelak.

30. Pinehas tumuli tumandang nindakake pangadilan,temah wewelak mau banjur sirep.

31. Bab iku kapetung dadi jasane turun-tumurun ing salawas-lawase.

32. Ana ing sacedhake banyu ing Meriba,para leluhur padha gawe dukaning Allah,satemah Nabi Musa banjur ketaman ing karubedan,marga saka para leluhur mau,

33. amarga para leluhur padha njalari dukane Nabi Musa,nganti panjenengane ketrucut anggone ngandika.

34. Para bangsa padha ora dibengkas,kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang para leluhur,

35. nanging padha tetunggalan karo para bangsa mau,lan niru pratingkahe,

36. brahalane padha disembah,temah dadi kalajiret tumrap para leluhur.

37. Padha ngurbanake anak-anake lanang,lan anak-anake wadon marang para roh reged,

38. dadi padha ngwutahake getihe wong kang ora luput,iya iku getihe anake lanang lan wadon,kang padha disembeleh dadi sesajen marang brahalane wong Kanaan,temah negara kono banjur najis awit saka anggone utang getih mau.

39. Padha najisake awake dhewe srana pratingkahe iku,sarta padha laku jina ing sajroning panggawene mau.

40. Mulane bebenduning Pangeran Yehuwah mulad-mulad marang umate,sarta ewa marang bangsa kagungane piyambak iku,

41. banjur padha diulungake marang ing tangane bangsa liyan,satemah kawasesa ing wong kang padha nyengiti.

maca bab lengkap Jabur 106