Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 106:16-25 Kitab Sutji (JAV)

16. Sawuse mangkono padha meri marang Nabi Musa ana ing pakemahan,tuwin marang Imam Harun, abdining Pangeran Yehuwah kang suci.

17. Bumi tumuli bengkah nguntal Dhatan,sarta ngingkemi grombolane Abiram.

18. Ana geni kang mulad-mulad ing tengahe grombolan mau,lan urube nggesengake para wong kang duraka iku.

19. Ana ing gunung Horeb padha gawe reca pedhet,sarta sujud marang reca cithakan;

20. padha ngijolake Kamulyanekalawan wewujudan sapi lanang kang mangan suket.

21. Padha lali marang Gusti Allah juru Pangluwarane,kang wus nindakake prakara-prakara kang gedhe ana ing tanah Mesir;

22. pandamel-pandamel kang elok ana ing tanahe Kham,pandamel-pandamel kang nggegirisi ana ing sapinggire segara Teberau.

23. Mulane Pangeran ngandika bakal numpes para leluhur,yen ajaa Nabi Musa pepilihane, nengahi ana ing ngarsaning Pangeran,nyirep bebendune temah Panjenengane ora sida nyirnakake para leluhur.

24. Para leluhur padha ngemohi negara kang adi iku,padha ora ngandel marang pangandikane,

25. malah padha pating kedumel ana ing kemahe,lan ora ngrungokake marang swantene Pangeran Yehuwah,

maca bab lengkap Jabur 106