Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 104:24-35 Kitab Sutji (JAV)

24. Saestu kathah sanget yeyasan Paduka punika, dhuh Yehuwah,sadaya wau sami Paduka titahaken klayan kawicaksanan;saindenging bumi kebak ing titah Paduka.

25. Lah punika samodra, ageng lan wiyar tebanipun,ing ngriku kemruwet kewan-kewan ageng alit,tanpa wicalan kathahipun.

26. Ing ngriku kapal-kapal sami lelayaran,saha Lewiyatan ingkang Paduka titahaken,Paduka damel lelangen.

27. Sadaya sami ngajeng-ajeng dhateng Paduka,supados kaparingan tedha ing wancinipun.

28. Manawi Paduka paringaken, lajeng tinampenan,yen Paduka ngegaraken asta Paduka,sadaya sami katuwukan ing kasaenan.

29. Manawi Paduka nyingidaken wedana Paduka,sadaya sami gragapan;manawi Paduka mundhut nyawanipun, lajeng sami pejah,lan wangsul dados lebu malih.

30. Manawi Paduka maringaken Roh Paduka, lajeng sami tumitah,saha lumahing bumi Paduka dadosaken enggal.

31. Kaluhuraning Sang Yehuwah langgenga ing salawase,Pangeran Yehuwah karenana marga saka pakaryane.

32. Panjenengane kang mirsani bumi ndadekake gumetere,gunung-gunung kaasta, banjur ngwetokake kukus.

33. Sajegku urip aku arep ngidung kagem Sang Yehuwah,salawase aku ana, aku arep ngidung masmur,konjuk marang Gusti Allah.

34. Muga anggonku nggagas-nggagas ana ing ngarsane iki kapireng ing Panjenengane!Aku bakal tansah bungah-bungah marga saka Pangeran Yehuwah.

35. Para wong dosa ing bumiku cikben tumpes,lan para wong duraka cikben ora ana maneh!Heh nyawaku, ngluhurna asmane Pangeran Yehuwah!Haleluya!

maca bab lengkap Jabur 104