Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 104:14-25 Kitab Sutji (JAV)

14. Paduka ingkang nuwuhaken rumput kangge sato-kewan,saha tetuwuhan, supados kapigunakaken dening manungsa,temah ngedalaken tetedhan saking ing salebeting siti,

15. punapadene anggur ingkang mbingahaken manahing manungsa,ingkang damel rainipun manungsa sumringah margi saking lisah,saha tetedhan ingkang ngiyataken manahipun tiyang.

16. Wit-witanipun Pangeran Yehuwah sami tuwuk,wit eres ing Libanon tanemanipun,

17. papan panusuhipun peksi-peksi,peksi kasidah ingkang ngenggeni wit beros;

18. redi-redi ingkang inggil dados padununganipun menda wanan,lan parang-parang dados papan pandhelikaning kancil.

19. Paduka ingkang ndadosaken rembulan dados pananggalan;surya ingkang sumerep wekdal anggenipun serap.

20. Manawi Paduka ndhatengaken pepeteng, lajeng dados dalu,ing wekdal punika sakathahing sato-kewan ing wana sami saba.

21. Singa nem sami nggero-gero betah memangsan,lan ngadhang-adhang pakan saking Gusti Allah.

22. Ing wanci pletheking surya sami ngempal,sarta ngglethak wonten ing guwa pandhelikanipun.

23. Dene manungsa lajeng mangkat dhateng ing padamelanipun,saha dhateng ing panggaotanipun ngantos ing wanci sonten.

24. Saestu kathah sanget yeyasan Paduka punika, dhuh Yehuwah,sadaya wau sami Paduka titahaken klayan kawicaksanan;saindenging bumi kebak ing titah Paduka.

25. Lah punika samodra, ageng lan wiyar tebanipun,ing ngriku kemruwet kewan-kewan ageng alit,tanpa wicalan kathahipun.

maca bab lengkap Jabur 104