Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 103:7-14 Kitab Sutji (JAV)

7. Nabi Musa wus disumurupake marang margi-margine,lan pakaryan-pakaryane marang wong Israel.

8. Pangeran Yehuwah iku ambek welasan lan ambek asih,gedhe sabare lan luber sih-susetyane;

9. ora tansah ndedukani,anggone duka ora ing salawase.

10. kang katandukake marang kita ora timbang karo dosa kita,anggone paring piwales marang kita ora ing sabobote kaluputan kita,

11. nanging sapira dhuwure langit ngungkuli bumi,iya samono gedhene sih-kadarmane tumrap para kang ngabekti marang Panjenengane;

12. sapira dohe wetan saka ing kulon,iya samono anggone nebihake panerak kita saka ing kita.

13. Kayadene bapa anggone duwe piwelas marang anak-anake,iya kaya mangkono Yehuwah anggone paring piwelasmarang para wong kang ngabekti marang Panjenengane.

14. Amarga Panjenengane mirsa kadadean kita iku saka apa,sarta enget yen kita iki lebu.

maca bab lengkap Jabur 103