Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 103:12-22 Kitab Sutji (JAV)

12. sapira dohe wetan saka ing kulon,iya samono anggone nebihake panerak kita saka ing kita.

13. Kayadene bapa anggone duwe piwelas marang anak-anake,iya kaya mangkono Yehuwah anggone paring piwelasmarang para wong kang ngabekti marang Panjenengane.

14. Amarga Panjenengane mirsa kadadean kita iku saka apa,sarta enget yen kita iki lebu.

15. Anadene manungsa iku dina-dinane kaya suket,kaya kembang ing ara-ara, kaya mangkono anggone akembang;

16. manawa kasiliran ing angin, banjur wus ora ana,tilas panggonane wus ora wanuh marang dheweke maneh.

17. Nanging sih-susetyaning Pangeran Yehuwah,iku wiwit ing kalanggengan, nganti tekan ing kalanggengan, tumrap para wong kang ngabekti marang Panjenengane,apadene kaadilane tumrap para anak-putune,

18. tumrap para wong kang padha ngandhemi ing prasetyanelan kang eling marang dhawuhe, nedya diestokake.

19. Pangeran Yehuwah wus nyantosakake dhampare ana ing swarga,sarta karajane mengku samubarang kabeh.

20. He para malaekate, para prawira prakosa kang nglakoni apa sadhawuhe,kalawan ngrungokake swaraning pangandikane,padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah.

21. He sakehing wadya-balane lan abdine kang nglakoni sakarsane,padha saosa puji marang Sang Yehuwah.

22. He sakehing yeyasane,ing sawewengkone pangwasane,padha saosa puji marang Sang Yehuwah!He nyawaku, saosa puji marang Sang Yehuwah.

maca bab lengkap Jabur 103