Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 102:20-29 Kitab Sutji (JAV)

20. awit Pangeran wus nguningani saka ing pasucene kang luhur,sarta Sang Yehuwah wus mirsani saka ing swarga marang ing bumi,

21. prelu miyarsakake pasambate wong tahanan,tuwin ngluwari para wong kang wus cinadhangake marang pati,

22. supaya asmaning Sang Yehuwah kawartakake ana ing Sion,tuwin Panjenengane pinuji-puji ana ing Yerusalem,

23. samangsa para bangsa lan sakehing karajan nglumpuk,padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah.

24. Panjenengane wus munggel kakuwatanku ana ing dalan,lan umurku dicendhakake.

25. Aturku mangkene: “Dhuh Gusti Allah kawula,Paduka mugi sampun mundhut kawula ing sapalihing umur kawula!Taun-taun Paduka punika lestantun turun-tumurun!”

26. Kala rumiyin Paduka sampun nalesi bumi,saha langit punika yasanipun asta Paduka.

27. Punika sadaya badhe lebur, nanging Paduka piyambak ingkang lestantun,tuwin sanes-sanesipun sami lungsed kados pangangge,lan badhe Paduka santuni kados jubah, lajeng sami santun rupi,

28. nanging Paduka piyambak boten ewah-gingsir,saha taun-taun Paduka boten badhe wonten watesipun.

29. Anakipun para abdi Paduka sami badhe manggen kaliyan tentrem,saha turunipun sami lestantun wonten ing ngarsa Paduka

maca bab lengkap Jabur 102