Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 102:10-27 Kitab Sutji (JAV)

10. Awit kawula nedha awu kadosdene roti,saha omben-omben kawula, kawula campuri luh.

11. Ingkang makaten punika margi saking deduka lan bebendu Paduka,kawula Paduka junjung lajeng Paduka simpar.

12. Dinten-dinten kawula kados ayang-ayangan sangsaya panjang,saha kawula piyambak alum kados rumput.

13. Nanging, dhuh Yehuwah, Paduka ingkang adhedhampar ing salaminipun,sarta asma Paduka tetep turun-tumurun.

14. Paduka piyambak badhe jumeneng paring piwelas dhateng Sion,amargi sampun dumugi titimangsanipun kaparingan sih,sampun dumugi ing wancinipun.

15. Awit para abdi Paduka sami remen dhateng sela-selanipun,sarta sami ngraos mesakaken dhateng reremukanipun.

16. Para bangsa banjur padha ering marang asmaning Pangeran Yehuwah,sarta sakehing para raja ing salumahing bumi marang kaluhurane,

17. manawa Sang Yehuwah wus mbangun Sionlan wus ngatingal kalawan ngagem kamulyane

18. sarta wus miyarsakake marang pandongane para wong kang nandhang kemlaratan,sarta ora ngremehake marang pandongane.

19. Bab iki kareben cinathet kanggo para turun ing tembe,temah bangsa kang katitahake mengko bakal padha ngluhurake Pangeran Yehuwah,

20. awit Pangeran wus nguningani saka ing pasucene kang luhur,sarta Sang Yehuwah wus mirsani saka ing swarga marang ing bumi,

21. prelu miyarsakake pasambate wong tahanan,tuwin ngluwari para wong kang wus cinadhangake marang pati,

22. supaya asmaning Sang Yehuwah kawartakake ana ing Sion,tuwin Panjenengane pinuji-puji ana ing Yerusalem,

23. samangsa para bangsa lan sakehing karajan nglumpuk,padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah.

24. Panjenengane wus munggel kakuwatanku ana ing dalan,lan umurku dicendhakake.

25. Aturku mangkene: “Dhuh Gusti Allah kawula,Paduka mugi sampun mundhut kawula ing sapalihing umur kawula!Taun-taun Paduka punika lestantun turun-tumurun!”

26. Kala rumiyin Paduka sampun nalesi bumi,saha langit punika yasanipun asta Paduka.

27. Punika sadaya badhe lebur, nanging Paduka piyambak ingkang lestantun,tuwin sanes-sanesipun sami lungsed kados pangangge,lan badhe Paduka santuni kados jubah, lajeng sami santun rupi,

maca bab lengkap Jabur 102