Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 101:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Masmur anggitane Prabu Dawud.Kawula badhe ngidungaken sih-susetyan lan angger-angger,kawula badhe ngrepekaken masmur kagem Paduka, dhuh Yehuwah.

2. Kawula badhe migatosaken gesang ingkang tanpa cacad:Benjing punapa Paduka badhe nedhaki kawula?Kawula badhe gesang kanthi manah ingkang resikwonten ing griya kawula.

3. Kawula boten badhe manahdhateng prakawis ingkang awon,pandamelipun tiyang murtad punika kawula sengiti,boten badhe wonten ingkang lumengket dhateng kawula.

4. Manah ingkang cidra badhe sumingkir saking kawula,kawula boten badhe purun tepang kaliyan piawon.

5. Tiyang ingkang bebisikan ngawon-awon dhateng sasaminipun,punika badhe kawula tumpes,tiyang ingkang kumalungkung saha kumaluhur-luhur manahipun,punika kawula boten remen.

6. Mripat kawula mandeng dhateng tiyang ingkang sami tuhu-setya wonten ing nagari,supados sami manggen nunggil kaliyan kawula.Tiyang ingkang tanpa cacad lampahipun,punika badhe ngladosi kawula.

7. Tiyang ingkang lampah culikaboten badhe manggen ing griya kawula,sinten ingkang dora-caraboten badhe tetep wonten ing ngajeng kawula.

8. Saben enjing kawula badhe numpessakathahing tiyang duraka,ingkang wonten ing nagari;sakathahing tiyang ingkang lampah awon,badhe kawula sirnakaken saking kithaning Yehuwah.

maca bab lengkap Jabur 101