Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 100:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Masmur kanggo kurban atur panuwun.He bumi kabeh, padha surak-suraka ana ing ngarsaning Yehuwah.

2. Padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah kalawan sukarena,padha sowan ing ngarsane kambi surak-surak!

3. Padha sumurupa manawa Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah,Panjenengane iku kang nitahake kita lan kita dadi kagungane,umate lan pepanthan wedhus ngenngenane.

4. Padha lumebua liwat ing gapurane kalawan memuji asmane,lumebua ing platarane kalawan kidung pangalembana,ngaturna pamuji sokur lan ngluhurna asmane.

5. Amarga Pangeran Yehuwah iku becik,sih-kasetyane iku kanggo ing salawase,lan kasetyane lestari turun-tumurun.

maca bab lengkap Jabur 100