Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 10:9-18 Kitab Sutji (JAV)

9. Wonten ing pangumpetan ngulat-ulataken,kados singa wonten ing gegrumbulan;ngindhik-indhik sumedya nubruk tiyang ingkang kesrakat,kagered dhateng ing jaringipun.

10. Mendhak, ndhekem,para tiyang ringkih lajeng sami dhumawah ing cengkeremaning kukunipun ingkang kiyat.

11. Tiyang wau mosik ing salebeting manahipun: “Gusti Allah kalepyan,wedanane ditutupi, mesthi bakal ora pirsa ing sateruse.”

12. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa jumeneng. Dhuh Allah mugi karsaa mulungaken asta Paduka,sampun ngantos kesupen dhateng tiyang ingkang kesrakat.

13. Punapaa dene tiyang duraka nyenyamah Gusti Allah,kaliyan mosik ing salebeting manahipun: “Gusti Allah rak ora nuntut.”

14. Paduka pancen mirsa, awit Paduka nguningani kasisahan tuwin sakiting manah,Paduka pundhut wonten ing asta Paduka piyambak,tiyang apes sumendhe ing Paduka,Paduka punika ingkang mitulungi lare lola.

15. Tanganipun tiyang duraka saha tiyang awon mugi Paduka tugel,durakanipun mugi Paduka cuthati, ngantos Paduka boten manggih malih.

16. Sang Yehuwah jumeneng Raja ing sateruse lan ing salawase.Bangsa-bangsa padha sirna saka ing tanah kagungane.

17. Dhuh Yehuwah, pepenginanipun para tiyang ingkang katindhes sampun Paduka pirengaken.Manahipun Paduka santosakaken, talingan Paduka tumiling,

18. prelu paring kaleresan dhateng lare lola saha tiyang ingkang katindhes,supados sampun ngantos wonten manungsa ing bumi malih ingkang damel giris.

maca bab lengkap Jabur 10