Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 10:4-13 Kitab Sutji (JAV)

4. Tiyang duraka wicanten kaliyan nyungiraken irungipun:“Gusti Allah rak ora bakal nuntut!”sadaya gagasanipun mungel: “Ora ana Allah.”

5. Salampah-lampahipun tansah kasil,pangadilan Paduka kinggilen tumrap piyambakipun;sadaya ingkang nglawan dipun remehaken.

6. Manahipun mosik makaten: “Aku ora bakal gograg,aku ora bakal tinempuh ing bilai nganti turun-tumurun.”

7. Cangkemipun kebak ipat-ipat lan cidra sarta panyikara,ilatipun isi piawon lan panyiksa.

8. Tiyang wau ngindhik-indhik wonten ing gubug-gubug,wonten ing pandhelikan mejahi tiyang ingkang boten lepat,mripatipun ngindhik tiyang ingkang apes.

9. Wonten ing pangumpetan ngulat-ulataken,kados singa wonten ing gegrumbulan;ngindhik-indhik sumedya nubruk tiyang ingkang kesrakat,kagered dhateng ing jaringipun.

10. Mendhak, ndhekem,para tiyang ringkih lajeng sami dhumawah ing cengkeremaning kukunipun ingkang kiyat.

11. Tiyang wau mosik ing salebeting manahipun: “Gusti Allah kalepyan,wedanane ditutupi, mesthi bakal ora pirsa ing sateruse.”

12. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa jumeneng. Dhuh Allah mugi karsaa mulungaken asta Paduka,sampun ngantos kesupen dhateng tiyang ingkang kesrakat.

13. Punapaa dene tiyang duraka nyenyamah Gusti Allah,kaliyan mosik ing salebeting manahipun: “Gusti Allah rak ora nuntut.”

maca bab lengkap Jabur 10