Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 10:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Dhuh Yehuwah, punapaa dene Paduka jumeneng wonten ing katebihan,sarta umpetan ing wekdal karupekan?

2. Amargi gumunggungipun tiyang duraka sanget-sanget anggenipun mbebujeng para tiyang ingkang katindhes.Mugi-mugi tiyang duraka punika ketamana ing kekajenganipun awon ingkang karantam.

3. Awit tiyang duraka punika ngegung-egungaken pepenginaning manahipun,lan tiyang kethaha punika nyupatani lan ngawon-awon Sang Yehuwah.

4. Tiyang duraka wicanten kaliyan nyungiraken irungipun:“Gusti Allah rak ora bakal nuntut!”sadaya gagasanipun mungel: “Ora ana Allah.”

5. Salampah-lampahipun tansah kasil,pangadilan Paduka kinggilen tumrap piyambakipun;sadaya ingkang nglawan dipun remehaken.

6. Manahipun mosik makaten: “Aku ora bakal gograg,aku ora bakal tinempuh ing bilai nganti turun-tumurun.”

7. Cangkemipun kebak ipat-ipat lan cidra sarta panyikara,ilatipun isi piawon lan panyiksa.

8. Tiyang wau ngindhik-indhik wonten ing gubug-gubug,wonten ing pandhelikan mejahi tiyang ingkang boten lepat,mripatipun ngindhik tiyang ingkang apes.

9. Wonten ing pangumpetan ngulat-ulataken,kados singa wonten ing gegrumbulan;ngindhik-indhik sumedya nubruk tiyang ingkang kesrakat,kagered dhateng ing jaringipun.

maca bab lengkap Jabur 10