Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Hosea 8:5-14 Kitab Sutji (JAV)

5. He Samaria, pedhetira Suntampik,bebenduningSun mulad-mulad marang wong-wong iku!Nganti pira lawase anggone ora bisa padha nucekake awake

6. wong-wong Israel iku?Iku tukang kang gawe,sarta iku dudu Allah!Lah pedhet Samaria iku bakal ajur dadi sawalang-walang.

7. Sarehne padha nyebar angin,mulane bakal ngeneni prahara;gandume ora biwa tuwa,ora metu glepunge;dene yen ana kang bisa metu,iku mesthi dientekake dening bangsa liya.

8. Israel wus diuntal;saiki padha ana ing antarane bangsa-bangsakayadene barang tampikan.

9. Wus padha lunga menyang Asyurprasasat kuldi alas kang ndhewe.Efraim wus ngedum-edum opahing bebdhangan.

10. Sanadyan padha ngedum-edum opah iku ana ing antarane bangsa-bangsa,ewasamono saiki Ingsun bakal nglumpukake wong-wong iku,temah sadhela engkas bakal padha lerenanggone njebadi raja lan para panggedhe.

11. Lah Efraim wus ngakehake misbyah,misbyah-misbyah iku njalari banjur padha nindakake dosa.

12. Sanadyan Sunseratake piwulangingSun pirang-pirang,nanging iku padha dianggep prakara kang kanggo wong manca.

13. Padha seneng saos kurban sembelehan,padha saos daging lan padha mangan iku;nanging iku ora ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah.Saiki panerake bakal diengeti,lan dosane bakal kaukum.Wong-wong mau kudu padha bali menyang Mesir!

14. Israel wus nglalekake Kang nitahake,lan wus ngadegake kraton-kraton;Yehuda wus ngakehake kutha-kutha kang santosa,nanging Ingsun bakal ndhawahake geni ing kutha-kuthane,kang mangsa kadhaton nganti ludhes.

maca bab lengkap Hosea 8