Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Hosea 8:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Ngunekna kalasangka!Ana kang nempuh padalemane Pangeran Yehuwah kaya manuk garudha;mulane mangkono awit wong-wong iku wus padha mbubrah prajanjianingSun,lan mbangkang marang angger-anggeringSun.

2. Padha sesambat marang Ingsun:“Dhuh Allah kawula, kawula, bangsa Israel tepang kaliyan Paduka!”

3. Israel wus mbuwang kang becik,mulane kareben kaburu dening mungsuh!

4. Wus padha ngadegake ratu,nanging ora kanthi sarujukingSun.Padha ngadegake panggedhe,nanging ora kanthi kauningakake marang Ingsun.Emas lan salakane dianggo gawebrahala-brahala kanggo awake dhewe,mulane padha kasirnakake.

5. He Samaria, pedhetira Suntampik,bebenduningSun mulad-mulad marang wong-wong iku!Nganti pira lawase anggone ora bisa padha nucekake awake

6. wong-wong Israel iku?Iku tukang kang gawe,sarta iku dudu Allah!Lah pedhet Samaria iku bakal ajur dadi sawalang-walang.

7. Sarehne padha nyebar angin,mulane bakal ngeneni prahara;gandume ora biwa tuwa,ora metu glepunge;dene yen ana kang bisa metu,iku mesthi dientekake dening bangsa liya.

8. Israel wus diuntal;saiki padha ana ing antarane bangsa-bangsakayadene barang tampikan.

9. Wus padha lunga menyang Asyurprasasat kuldi alas kang ndhewe.Efraim wus ngedum-edum opahing bebdhangan.

10. Sanadyan padha ngedum-edum opah iku ana ing antarane bangsa-bangsa,ewasamono saiki Ingsun bakal nglumpukake wong-wong iku,temah sadhela engkas bakal padha lerenanggone njebadi raja lan para panggedhe.

11. Lah Efraim wus ngakehake misbyah,misbyah-misbyah iku njalari banjur padha nindakake dosa.

12. Sanadyan Sunseratake piwulangingSun pirang-pirang,nanging iku padha dianggep prakara kang kanggo wong manca.

maca bab lengkap Hosea 8