Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Hosea 5:3-14 Kitab Sutji (JAV)

3. Ingsun iku wanuh marang Efraim,sarta ora kekilapan mungguh kaanane Israel,awit sira wus laku jina, he Efraim;lan Israel wus najisake awake dhewe.

4. Pratingkah-pratingkahe ora ngolehakewong-wong mau padha mratobat marang Allahe,marga padha kadunungan rohing laku jina,sarta ora padha wanuh marang Pangeran Yehuwah.

5. Gumunggunge Israel dadi seksi tumrap awake dhewe,Efraim bakal keplesed tiba marga saka salahe dhewe,tuwin Yehuda uga melu keplesed.

6. Padha arep ngupaya Pangeran Yehuwahkalawan nggawa kurban wedhus lan sapi,nanging ora bakal ketemu,Pangeran Yehuwah wus nebihi wong-wong iku.

7. Amarga wus padha cidra marang Sang Yehuwah,awit wus padha nglairake anak-anak kang ora absah,saiki si pengrusa bakal mangsa wong-wong mau dalah tegale.

8. Ngunekna kalasangka ana ing Gibea,ngunekna nafiri ana ing Rama,surak-suraka ana ing Bet-Awen,he, Benyamin, gumetera!

9. Efraim bakal dadi cengkaring dinane paukuman;Ingsun ndhawuhake kang wus kapesthekaketumrap talere bani Israel.

10. Para panggedhene Yehudaiku padha kaya wong kang ngelih wates;bakal padha SunesokibebenduningSun kaya banyu.

11. Efraim wus katindhes, karemuk dening paukuman,awit kenceng anggone ngenut kang tanpa guna.

12. Mulane Ingsun bakal kayadene renget tumrap Efraim,lan kaya bubuk tumrap turune Yehuda.

13. Nalika Efraim weruh lelarane,sarta Yehuda sumurup wudune,Efraim tumuli lunga menyang Asyurlan kongkonan wong marang Sang Nata “Agung”Nanging iku ora bisa marasake sira kabeh,lan ora bisa ngilangi wudunira.

14. Marga Ingsun iki kaya singa tumrap Efraim,lan kaya singa nom tumrap turune Yehuda.Ingsun, iya Ingsun piyambak bakal nyempal-nyempal, banjur tindak,bakal Sunbekta lumayu lan ora ana kang ngluwari.

maca bab lengkap Hosea 5