Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Hosea 4:9-19 Kitab Sutji (JAV)

9. Mulane kayadene nasibing rakyat,iya kaya mangkono iku nasibing imam:bakal Sunukum kalakuanelan Sunwales kang dadi panggawene.

10. Bakal padha mangan, nanging ora bisa wareg,padha laku jina, nanging ora tangkar-tumangkar,awit wus padha ninggal marang Pangeran Yehuwah lan nggondheli sundel.

11. Pikirane kadadekake buntet,dening anggur lan duduhe woh anggur.

12. UmatingSun takon marang wite;sarta tekene kang nyumurupake,marga padha kasasarake dening roh jina,lan padha laku jina tuwin banjur ngungkurake marang Allahe.

13. Padha saos kurban ana ing pucake gunung-gunung,lan ngobong kurban ana ing tengger-tengger,ana ing ayome wit elon, wit libnah sarta wit elah,awit iku ayome katon apik.Yaiku kang njalari anakira wadon padha laku jina,lan mantumu wadon padha dadi wanita tuna-susila.

14. Ingsun ora bakal ngukum anak-anakira wadonsanadyan padha laku jina,utawa mantu-mantunira wadon,sanadyan dadi wanita tuna-susilaamarga dheweke dhewe padha manggon ndhewe karo para wong wadon tuna-susila,sarta sesaji bebarengan karo sundel-sundel agama,mulane umat kang ora duwe pangreten iku bakal nemahi karusakan.

15. He, Israel, manawa sira laku jina,Yehuda aja nganti melu gawe kaluputan,aja lunga menyang Gilgal,lan aja munggah menyang ing Bet-Awen,sarta aja sumpah: “Demi Pangeran Yehuwah kang gesang!”

16. Dene Israel iku wus dadi wangkot,kaya sapi kang mbelot,mulane apa iya Sang Yehuwah bakal ngengenkaya wedhus gembel ing pangonan kang jembar!

17. Efraim wus sakuthon karo brahala-brahala,ujanen bae!

18. Pasarujukane para wong mendem!Wus padha masrahake awake marang wong wadon tuna-susila,padha luwih tresna marang kanisthan tinimbang marang kamulyan.

19. Padha katutupan ing swiwining angin,sarta bakal padha nandhang kawiranganmarga saka kurban-kurbane.

maca bab lengkap Hosea 4